Sabtu, 07 April 2012

Kadadean Rawa Pening


B

aru Klinthing inku bocah ingkang sekti dheweke manggon ana tlatah desa kang jenenge Desa Pening ing Kutha Ambarawa. Baru Klinthing tapa ing gunung Slamet kanggo nggolek kasektian. Sebab Kasektiane Baru Klinthing dikuthuk karo roh jahat saka Gunung Slamet. Kuthukan sing dirasaake Baru Klinthing  nduweni memala lan borok lan ora iso mari ana ing sakujur awake Baru Klinthing. Borok kuwi ambune amis nyebabake Baru Klinthing dikucilake masyarakat sakiwa tengene. Kaya dene bocah liyane Baru Klinthing padha-padha seneng dolanan. Baru Klinthing arep pengen melu dolanan ananging bocah-bocah ora ngetuki lantaran ambune Baru Klinthing amis lan anyir banget. Ora mung kuwi thok, bocah-bocah uga padha ngenyeki Baruklinthing sedih banjur lunga ngadohi bocah-bocah mau. Ana sakjroning dalan, Baruklinthing rumangsa luwe dheweke banjur njaluk mangan marang warga deso kuwi nanging ora ana warga desa sing menehi dheweke mangan. Baru Klinthing kuciwa, padahal warga desa Pening iku kagolong deso sing makmur, nanging wargane padha. Baru Klinthing ora entuk mangan saka warga malah diusir saka kampung.
                Baru Klinthing luwe lan kesel  akhire dheweke tekan omahe Mbok Randha sing apikan atine lan ora sombong. Mbok Randha mau mesaake banget marang baru Klinthing sing ngeleh lan awake reget lusuh kebak memala kang ambune ora enak. Baru Klinthing banjur diwenehi mangan karo Mbok Randha. Baru Klinthing banjur seneng banget, dheweke ora ngira menawa mbok randha sing uripe serba kekurangan nanging isih gelem menehi  dheweke mangan. Sakbare mangan, Baru Klinting  banjur resik resik awak ing omahe mbok randa mau, nanging tetp wae sisik lan memala ana ing awake kuwi durung isa ilang. Sakbare kuwi Baru Klinting  ngucapake matursuwun marang mbok randha kang uwis apikan mau. Baru Klinting banjur pamitan lan menehi pesen marang mbok randa, yen dheweke krungu suara kenthongan supaya dheweke enggal enggal numpak prahu utawa lesung. Mbok Randa mau nyanggupi pesene Baru Klinting banjur baru klinting lunga saka omahe mbok randa mau.
                Sakjrone dalan saka omahe mbok randa mau Baru klinting ketemu karo bocah bocah  sing padha dolanan mau. Baru Klinting kepingin melu dolanan amarga ditolak lan diusir dienyek bocah bocah sing ngerasa jijik amarga dheweke reget lan kebak borok ambune amis. Baruklinting nesu lan entek kasabarane amarga dienyek lan diusir terus karo bocah bocah kampung Pening mau. Baru klinting nancepake biting ana ing lemah cedhak panggon dolanane bocah-bocah mau, lan baru klinting ngcapaake sumpah yen ora ana sing sanggup nyabut biting mau, sakliane dheweke. Bocah-bocah sing padha dolanan mau nyedhaki lan siji siji nyoba nyabut biting mau saka lemah. Suwe suwe kabeh bocah sing padha sombong mau njajal siji siji nyabut bitig nanging ora ono sing isa banjur padha nyerah. Saiki gantinan wong tua-tua padha nyoba nyabut biting mau nanging uga ora ana sing bisa.
                Bocah-bocah lan wong tua-tua padha putus asa, kuciwa ora isa nyabut biting cilik mau saka  lemah. Warga mau banjur nanthang Baru Klinting genti apa dheweke isa nyabut biting mau saka lemah, Akhire baru klinting nyabut biting mau tanpa kangelan,  kanthi gampang banget. Saka lemah bekas cabutan biting mau mentu banyu bening sing nyemur sithik amarga bolongan lemahe cilik. Warga deso Pening padha seneng lan sorak sorak,nanging selot suwe banyu mau selot akeh ora mandhek. Ora krasa banyu mau dhuwure uwis sakdengkul, banjur sak weteng, banjur sak kuping , Kenthongan ditutuk banter minangka ana bahaya.,  Mbok Randa banjur numpak lesung. Banyu saka cabutan biting mau metu selot suwe selot akeh nglelepake desa Pening lan masyarakate sing padha sombong. Warga sak desa Pening mau ora ono sing slamet, kabeh padha klelep, kajaba mbok randa sing numpak prahu lesung mau, tekan desa sebelah ditulungi lan manggo ing deso sebelah. Mbok randa mau bajur crita – crita marang warga liyane lan kenalane kisahe Baruklinting mau. Supaya kabeh warga padha ngajeni Baru Klinthing minangka sing njaga Rawa Pening. Sakwise desa pening mau klelep kabeh dadi rawa lan dijenengake Rawa Pening Baru klinting ngubah wujud dadi ula gedhe sing njaga Rawa Pening  urip ing dasar rawa. Kadang kala ula kuwi nampaake wujude nalika dina meh wengi. Nganti saiki ula kuwi isih diajeni lan dianggep warga sekitar Rawa Pening sebagai penjaga Rawa Pening. Saben wulan wulan tertentu ula kuwi di kei sesajen supaya daerah sekitar Rawa Pening dadi tentrem ora ana memala apa apa.\\


tugas bahasa jawa. kasih bendera kalau dapat membantu anda :D

Tidak ada komentar:

Posting Komentar